Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh.
Kados sing wis
diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk
kayata:
·
Bentuk cetak
Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang,
majalah panjembar semangat, lan sanesipun.
·
Bentuk Siaran
Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng
mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA
TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita
bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.
·
Liwat Internet
Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa
utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud
website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta
bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita bahasa jawa, cerita wayang bahasa
jawa, lan sak panunggalane.
·
Bentuk lisan
Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges
warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang
ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.
Unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing
berita yaiku nggamblangna babagan.
Apa (What) =
Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa (Who) =
Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan (When) =
Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye
(Why) =
Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi (Whrere) =
Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa(How) =
Merga apa kedadean kasebut dumati.
Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur
utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W +
1H.
Sifat Pawartos :
Ø
Aktual : langsung.
Ø
Faktual : objektif, sesuai fakta.
Ø
Cekak Aos :
pendek, singkat, langsung intine.
Ø
Narik Kawigaten
: menarik perhatian dengan kalimat tanya.
Ø
Jangkep :
lengkap.
Jinis Pawartos :
·
Straight News (pawartos langsung)
·
Depth News (pawartos mendalam) : wonten nilai,
fakta, data, lan dampak.
·
Investigation News : wonten
penelitian/penyelidikan.
·
Interpetative News
·
Opini News : dereng wonteng fakta-fakta.
Struktur panyeratan
pawartos menika awujud :
1.
Irah-irahan
2.
Baris tengah (dateline)
3.
Teras pawartos
4.
Wos pawartos
Perangan ingkang
nemtokake biji pawarto inggih punika :
a)
Aktualitas
b)
Gayut kaliyan papan kedadosan
c)
Gayut kaliyan unsur-unsur ing saklebeting kedadosan
d)
Gayut kaliyan pedamelan pamaos/pamiarsa
e)
Jangkeping pawartos
Ingkang perlu
dipungatosaken nalika mirengaken pawartos utawi informasi inggih menika :
·
Mangertosi kanthi cetha perkawis ingkang
dipunaturaken.
·
Mbedakaken informasi ingkang wigati saha ingkang
boten wigati.
·
Nyathet informasi ingkang leres saha premati.
Perkawis ingkang
kedah dipungatosaken nalika maringi panyaruhipun inggih menika :
v
Panyaruhipun menika sak mesthi nipun
dipunaturaken kanthi cekak aos, padhat saha dipunronce kanthi sae.
v
Perkawis utawi bab ingkang dipunparingi
panyaruhipun kedah cetha.
v
Tembung-tembung saha ukara ingkang
dipunginakaken kedah gampil dipunngertosi utawi dipunpahami.
v
Panyaruhipun menika kedah dipunparingi
lelandesan ingkang logis, saged ugi dipuntambahi fakta saha bukti-bukti ingkang
relevan.
TUBRUKAN KARAMBOL

Akibat kedaden kuwi, sopir lan kernet truk fuso tewas saknalika neng lokasi kedaden. Korban yaiku Sutrisno, umur 49 taun, warga Pinaringan, Sidoarjo, lan Adi Pratantio umur 54 taun, warga Surabaya. Lagekne loro panglakok tunggangan liya mung ngalami tatu enteng. Kecelakaan iki dikira akibat truk fuso nduweni rem blong wektu ngliwati dalanan mudhun.
Informasi sing diklumpuk ngaranekne, kecelakaan karambol kesebut awale pas truk fuso mot wesi material mesin panggawen udud sing disopiri Sutrisno mlaku saka arah Banyumanik nuju Krapyak. Nganti neng lokasi kedaden, dumadakan truk ngalami rem blong. Pamburine, truk ilang kendhali.
Sopir truk ngupadi ngendhalekne mobil. nanging upadine ora mbuahke pakoleh, lan truk terus mlaku. Celakane pas neng ngarepe ana mobil patroli TMJ Toyota Hilux pikup kanthi nomer polisi B 9085 PBC sing dilakokake Angga, umur 25 taun.
Mobil TMJ kuwia teras ditabrak truk fuso saka buri. Bantere tabrakan, marakake mobil TMJ mental menyang adoh nganti nubruk wates dalan.
Sawise nubruk mobil TMJ, truk fuso terus mlaku kanthi kecepetan dhuwur. Sekitar 50 meter saka kunu banjur, truk fuso nubruk truk dump pamomot wedi sing disopiri dening Hartono, umur 35 taun , warga Demak.
Sakwise tabrakan kapindho iki, truk fuso mandheg. Tubrukan banter kuwi marakake truk fuso ringsek. Pamburine, sopir lan kenek truk fuso tilar saknalika neng lokasi kedaden.
”Sopir lan kenek truk fuso gejepit awak truk. Kondisine ngenesake lan ngalami patah sikil,” tembung warga sik nyekseni kedadean, Ahmad Endik, umur 30 taun.
Polrestabes Semarang AKP Slamet nuturake, penyebab kecelakaan amarga truk fuso ngalami rem blong nganti kelangan kendhali. ”Loro korban mati banjur digawa menyang kamar jisim RSUP dr Kariadi kanggo divisum. Lagekne loro sopir tunggangan liya, mung ngalami tatu enteng,”.
sumber : http://pawartabahasajawa.blogspot.com/2016/01/pawarta-bahasa-jawa-tentang-kecelakaan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar