Jumat, 19 Mei 2017

UYON-UYON KAWRUH GAMELAN

KAWRUH UYON - UYON


 
 Uyonuyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa.
A. Kasusastran kang tinemu ing gendhing ;
1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2. Cengkok yaiku lak – luking swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing yaiku swara lelagoning gamelan
4. Gamelan yaiku Piranti karawitan kanggo ngiringi tembang. Kayata ; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan yaiku unen – uen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing / pradangga
10. Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung
12. Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara / pradangga.
13. Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan / lelagoning gendhing.
14. Irama yaiku ukuran rindhik rikating penabuhing gamelan.
15. Bawa yaiku tembang kang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
LELAGON PANGATAK

KAWRUH GAMELAN
Gamelan inggih menika  seni musik tetabuhan tradhisional asli saking  Indonesia utamanipun  saking pulo Jawa, Madura, Bali saha Lombok. Tembung gamelan menika asalipun saking basa Jawa inggih menika "gamel" kang gadhah makna "tabuh". Isi gamelan menika saprangkat piranti musik ingkang diagem ngiringi tembang, utawi ditabuh tanpa tembang minangka klenengan.
Andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud,  bahan, cara nabuh gamlen :
1. Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan iku cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) utawi dipunkebuk (kendhang).
1.
KENDHANG AGENG
Kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Swarane paling cendhek dhewe.
2.
KENDHANG KETIPUNG
Kendhang kang paling cilik dhewe lan ngasilake swara paling duwur. Biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng.
3.
KENDHANG CIBLON
Kendhang kang duweni ukuran sedheng, luwih cilik ukurane dibandhing kendhang ageng lan wayangan. Swarane luwih duwur katimbang kaendhang ageng.
4.
 

Kendhang Wayangan

Kendhang sing ukurane sedheng, luwih cilik sithik lan swarane luwih dhuwur katimbang kendang ageng.
2. Wujud Wilahan
Gamelan ingkang wujudipun wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Caranipun nabuh dipunthuthuk.
1.
Gender
Gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ngisore ana tabung/silinder saka pring lan wesi tipis kanggo ngatur gema swarane. Ditabuh ngagem bendha.
2.
 
Slenthem
Wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane. Ugi sinebat gender penembung/gender gantung.
3.
Gambang
Wujudipun gedhe tur dawa lan wilahanipun digawe saking kayu. Wilah kang luwih gedhe swarane luwih rendah.Ditabuh ngagem bendha
4.


Saron Demung
Jinis saron kang paling gedhe ukurane lan ngasilake swara paling cendhak. Wilah barung iku paling gedhe. Ditabuh ngagem gandhen.
5.

Saron Barung
Jinis saron tengah-tengah (antarane demung lan peking). Wilah barung luwih gedhe katimbang peking lan luwih cilik katimbang demung.  Luwih dhuwur swarane saka saron demung lan ukurane luwih cilik
6.
Saron Peking
Jinis saron kang paling cilik. Wilah peking luwih cilik katimbang demung lan barung, nanging luwih kandel. Luwih dhuwur swarane katimbang saon barung, ukurane luwih cilik.
3. Wujud Wilahan Pencon
Gamelan ingkang wujudipun wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhipun dipunthuthuk.
1.
Slentho
Cara nabuhipun dithuthuk.
2.
Gong Kemodhong
Ditabuh ngagem gembel.
3.
Kecer
Perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane.
 4. Wujud Pencon
Gamelan ingkang wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dipunthuthuk, jagur.
1.
Bonang Panembung
Wujud bonang kan paling gedhe.
2.

Bonang Penerus

3.

Bonang Barung
Wujud bonang sing luwih cilik saka bonag panembung lan penerus.
4.
Kethuk
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
5.
Kempyang
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
6.
Kenong
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya bonang, kethuk,lan kempyang.
7.
Kempul
Biasane digantung. Bentukane koyo gong nanging luwih cilik lan swarane luwih dhuwur.
8.

Gong Ageng
Gamelan kang ditabuh lan diametere paling gedhe. Duweni nada paling rendah. Ditabuh nganggo gembel.
9.

Gong Suwukan
Gamelan kang ditabuh lan ukurane gedhe sakwise gong ageng. Duweni nada luwih dhuwur katimbang gong ageng.
5. Wujud Kawatan
Gamelan ingkang wujudipun kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuh Rebab dipungesek, dene Siter lan Cemplung dipunpethik utawi cuwik.
1.

Rebab
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek.
2.
Siter
Wujud gamelan kang cara nabuhe dipetik nganggo tangan.
3.

Celempung
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek. Nadane saoktaf ngisore siter.
6. Wujud Pipa
Gamelan ingkang wujudipun pipa inggih punika Suling saha Kemanak. Cara ngungelaken Suling dipunsebul, dene Kemanak dipuntabuh.
1.
Suling
Dipundamel saking deling/pring. Cara ngunekke disebul. Swara sing diasilake saka rongga angin sing digeterake. Frekuensi gelombange gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeterake.
2.

Kemanak
Perangkat gamelan kang wujude memper gedhang, biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
SUMBER : http://avindaekadamayanti.blogspot.co.id/2017/05/materi-bahasa-jawa-uyon-uyon-lan-gamelan.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar